Kukuruyukk...
“Han! Ndang tangi, sekolah gak?”
Ibune Hani nggugah Hani sing isih turu.
“Nggih sekolah to buk, niki badhe
siram.” Jawabe Hani.
Sawise adus, Hani langsung mangan
bareng adhik e. Hani eling yen mengko kudu gawa duwet gawe mbayar buku.
“Buk, kula nyuwun arta damel mbayar
buku.” Atur e Hani
“Buku apa maneh ta Han? Biyen wes
tuku buku ngono.” Jawabe ibune Hani.
“Nggih beda to buk. Niki sampun
ganti semester, bukune nggih ganti.” Jawabe Hani.
“Yo wes iki gae mbayar buku karo
sangumu seminggu. Sinau sing pinter, aja dolanan ae. Bukumu regane larang lo.”
Omonge ibune Hani.
“Inggih buk. Kula budal rumiyin
nggih.” Atur e Hani karo nyangklong tas.
Hani iku bocah sing sregep sinau lan
nurut karo wong tuane. Nanging Hani iku urip pas-pasan. Ibune Hani mung kerja
dadi buruh tani lan bapake rantau ning luar jawa. Hani mesti ngempet apa sing
dipengenake lan iri marang kancane sing duwe.
Ing kelas Hani duwe kanca cedhak
jenenge Raina. Raina iku saka keluwarga sing mampu, apa wae barang sing
dipengeni Hani, Raina mesti duwe. Nanging Raina iku ora sombong marang
kekayaane. Yen Hani nyileh barange Raina, mesti dijilihi.
----
Ing sawijining dina, Hani mbukak celengan sing
wis dilumpukake awit isih cilik. Kebiasaan nabung iki wis diwarai karo ibuke
Hani awit cilik lan wis dadi kebiasaan.
Hani kepengin banget tuku hp lan rumangsane
duwite saka celengan wis cukup. Pungkasane Hani ngajak Raina tuku hp.
Hani milih-milih hp sing ana ing ngarepe.
Kabeh hp apik lan Hani bingung arep milih sing endi. Raina ngewangi Hani
nggolek hp sing dipengeni Hani lan ngusulake hp sing ogak disenengi Hani. Hani
radha nesu karo Raina amarga ngusulake hp sing elek lan regane paling murah.
Raina ora bermaksud ngrendahne Hani.
Pungkasane Hani milih hp sing padha karo
wekane Raina. Hani ora ngerti yen hp sing dipilih kuwi larang lan langsung
mbayar ning kasir. Raina ngenteni Hani ning njaba nanging dienteni suwi kok gak
ndang metu. Pungkasane Raina marani Hani ning njero.
“Loh han, gak sido hp sing kaya nggonanku to?”
Omonge Raina karo nguasi tingkahe Hani sing radha kaget.
“Iyo, lha arep piye maneh to Na. Dhuwitku
tibakno kurang padahal aku yo pengen hp sing padha kaya nggonanmu.” Jawabe Hani
karo wajah melas.
“Kurang pira ta Han? Aku gawa dhuwit kok.”
Omonge Raina.
“Kurang 400ewu Han. Gak usah han gak penak aku
mbek awakmu, aku tak milih hp liane ae sing luwih murah.” Jawabe Hani karo
nggelengne sirah.
“Halah gak usah sungkan, wong yo arek dewe yo
wes koncoan cedhak ngono.”
Pungkasane Hani muleh bareng Raina. Hani
seneng amarga duwe hp anyar nanging radha isin karo Raina. Raina ora masalah
duwite kalong lan bisa njaluk maneh marang wong tuane.
----
Mbesuke Hani budhal sekolah karo wajah sing
sumringah. Hani pamer marang kancane yen hpne anyar. Kancane Hani bingung, kok
bisa Hani duwe hp apik padahal Hani iku urip pas-pasan.
“Weiyeh, hpne Hani anyar. Nggonanku kalah
canggih ek, mesti regane larang iki tapi iki koyoke padha karo nggone Raina
ya?” omonge kancane Hani.
“Yo gak patek larang rumangsaku. Mosok to iki
canggih? Ketoke biasa ae.” Omonge Hani lagake kaya wong sugih.
“Hani maleh sugih sak iki, traktir han.”
Omonge kancane Hani lan disauri ngguyu karo Hani.
Hani ndelok Raina nggerombol karo kancane.
Rumangsane Hani, Raina kuwi lagi ngrasani dheweke amarga tuku hp sing dhuwite
kurang ndek ingi. Hani langsung nesu
karo Raina lan wedhi yen keruhan kancane amarga dheweke tuku hp karo dhuwite
Raina. Padahal Raina kuwi lagi ngomongake tugas sing ora dingerteni.
Bel muleh wis muni, Raina langsung ngajak Hani
mulih bareng. Hani dijak omong-omongan Raina ogak nyauri belas. Hani melengos
lan omong karo kancane. Pungkasane Raina langsung muleh disek, biasane Hani iku
mesti bareng muleh Raina numpak mobile.
Raina bingung karo sikape Hani, gak biasane
Hani gak nggatekake Raina. Padahal yen dipikir-pikir Raina kuwi ogak duwe salah
karo Hani.
----
Raina budhal radha awan saka biasane. Saka
sekolahan, Raina bingung karo kancane sak kelas. Kabeh padha nguasi Raina lan
bisik-bisik, ora eruh ngomongne apa.
“Han, ana apa to sakjane? Kok kabeh arek padha
nguasi aku karo bisik-bisik?” omonge Raina karo wajah bingung.
“Owalah ya ya, rek kok kaya enek seng omong to
ing pinggirku.” Jawabe Hani karo nguasi mburi lan ngguyu.
“Han, aku ngomong mbek awakmu. Kok maleh ngono
to awakmu, biasane gak ngene lo.” Omonge Raina kaya arep nangis.
“Anak haram i menengo to. Aja omong mbek aku,
lapo? Arep nanges? Ndang nanges kono!” Jawabe Hani kasar.
Raina langsung mlayu ning jeding karo wajah
nangis. Raina kaget yen Hani bisa ngomong kasar kaya ngono. Padahal Hani kuwi
wes dadi koncone ket cilik lan ngerti kabeh rahasiane keluargane.
Hani rada salah yen ngomong ngono ning Raina.
Hani wedi yen dhuwit kurang tuku hp weruh kancane. Hani milih luwih dhisik
mbocorne rahasiane Raina ketimbang mengko kedhisikan.
Kabeh bocah maleh gak seneng karo Raina. Raina
maleh didohi karo bocah sak kelase. Nanging Raina tetap sabar lan nerimo amarga
wis dicap elek karo kancane lan sahabate dewe lan ora bisa dibalekake jeneng
apike.
Hani sak iki ya ngono, maleh kumpul karo bocah
sing sugih-sugih lan terpengaruh karo gayane kancane sing elek. Hani maleh gawe
bibir ning kelas ben dikiro dadi bocah sing tenar lan ogak ketinggalan jaman.
Raina ndelok perubahane Hani maleh nggumun,
kok bisa Hani berubah cepet banget. Padahal mbiyen Hani kuwi bocah sing
sederhana. Raina jek bingung mikir apa salahe kok bisa Hani kaya ngono.
Hani maleh sombong lan rumangsane dheweke kuwi
wong sing paling sugih ing donya padahal ibune lan bapake susah golek duwit.
Hani yo maleh gak gelem dikongkon karo wong tuane lan gak matuhi apa sing
diomongne wong tuane.
“Han, pacakanmu kok ngono to? Mbok yo aja gawe
bibir yen arep sekolah. Apa yo gak diseneni gurumu to ngono kuwi?” ature ibune
Hani.
“Oalah buk, aja ngatur aku to. Sampean iki gak
gelem nukokne barang sing tak pingin kok ngomong wae to? Wong yo iki aku tuku
dewe gawe dhuwitku kok.” Jawabe Hani kasar ora kaya mbiyen.
Ibune Hani langsung meneng. Ora biasane Hani
bisa ngomong kasar kaya ngono karo wong tuane.
----
Ing sekolahan, Hani diceluk karo guru BK
amarga pacakane sing wis nglewati bates. Hani rada wedi yen nyangkut masalah
BK, biasane sing diceluk BK iku bocah sing nakal-nakal. Lan Hani kuwi bocah sing
anti karo bocah nakal. Hani gak sadar yen dheweke kuwi wis nakal banget.
“Hani, awakmu ngerti salahmu apa?” atur e guru
BK.
“Mboten ngertos bu, salah kula napa to bu?”
jawabe Hani karo ndredek.
“Awakmu iki mosok gak sadar yen pacakanmu kuwi
salah? Sekolah kok gawe bibir, yen sekolah kuwi mbok yo sing wajar ngono
pacakanmu kuwi.” Omonge guru BK nyeneni Hani.
“Lare liane nggih enten sing ndamel bibir lo
bu, kok kula mawon sing ditimbali?” jawabe Hani.
“Bocah sing ndi to Han? Sunny bocah sak
kelasmu kuwi to? Sunny kuwi pancen bibire abang Han, ogak gawe bibir kuwi.”
Omonge guru BK.
Hani langsung mikir yen pancen Sunny kuwi ora
gawe bibir. Hani ya salah karo perilakune.
“O iyo Han, awakmu jareke ngomongne Raina ya?
Awakmu kan kancane cedhak to Han, mosok iyo tega mbocorne rahasia sing wis
ditutupi rapet? Keluargane Raina kuwi wis mbantu awakmu lo amarga awakmu gelem
dadi kanca cedhake Raina.” Atur e guru BK.
“Mbantu napa to bu?” jawabe Hani pingin weruh.
“Awakmu mosok gak sadar lak awakmu gak tau
mbayar SPP? Keluargane Raina kuwi wis mbantu mbayari SPP mu ket kelas 1 kae
lo.” Atur e guru BK.
Hani langsung ngrasa salah ning Raina lan
nangis. Hani pamitan karo guru BK lan langsung mlayu ning kelas nggolek i
Raina.
“Na, sepurane aku salah ning awakmu.” Omonge
Hani ning Raina karo nangis lan diwasi bocah sak kelas.
“Halah, gak popo kok Han. Awakmu ya bisa nesu
mbek aku tibak e, aku ya sepurane yen salah ning awakmu.” Jawabe Raina melu
nangis.
Bocah sak kelas padha gumun karo Hani lan
Raina, kok bisa nangis kaya ngono lan pengin eroh masalahe.
Mula saka kejadian kuwi, Hani ngomong ning
bocah sak kelas yen dheweke salah yen ngomongne rahasiane Raina. Kabeh padha
melu njaluk sepura ning Raina amarga ya salah ngomongne sing ora-ora.
Pungkasane suasane mbalik saka biasane. Hani
sak iki wes gak sombong kaya kae lan gelem dikongkon karo wong tuane lan mesti
bareng neng endi-endi karo Raina. Hani yo ngaku yen hpne kuwi yo saka dhuwite
Raina, kabeh bocah gak masalah karo kuwi.
~~~