Rabu, 24 Agustus 2016

Cerkak Basa Jawa -SALAH PAHAM-


 
            Kukuruyukk...
            “Han! Ndang tangi, sekolah gak?” Ibune Hani nggugah Hani sing isih turu.
            “Nggih sekolah to buk, niki badhe siram.” Jawabe Hani.

            Sawise adus, Hani langsung mangan bareng adhik e. Hani eling yen mengko kudu gawa duwet gawe mbayar buku.
            “Buk, kula nyuwun arta damel mbayar buku.” Atur e Hani
            “Buku apa maneh ta Han? Biyen wes tuku buku ngono.” Jawabe ibune Hani.
            “Nggih beda to buk. Niki sampun ganti semester, bukune nggih ganti.” Jawabe Hani.
            “Yo wes iki gae mbayar buku karo sangumu seminggu. Sinau sing pinter, aja dolanan ae. Bukumu regane larang lo.” Omonge ibune Hani.
            “Inggih buk. Kula budal rumiyin nggih.” Atur e Hani karo nyangklong tas.

            Hani iku bocah sing sregep sinau lan nurut karo wong tuane. Nanging Hani iku urip pas-pasan. Ibune Hani mung kerja dadi buruh tani lan bapake rantau ning luar jawa. Hani mesti ngempet apa sing dipengenake lan iri marang kancane sing duwe.
            Ing kelas Hani duwe kanca cedhak jenenge Raina. Raina iku saka keluwarga sing mampu, apa wae barang sing dipengeni Hani, Raina mesti duwe. Nanging Raina iku ora sombong marang kekayaane. Yen Hani nyileh barange Raina, mesti dijilihi.
----
Ing sawijining dina, Hani mbukak celengan sing wis dilumpukake awit isih cilik. Kebiasaan nabung iki wis diwarai karo ibuke Hani awit cilik lan wis dadi kebiasaan.
Hani kepengin banget tuku hp lan rumangsane duwite saka celengan wis cukup. Pungkasane Hani ngajak Raina tuku hp.
Hani milih-milih hp sing ana ing ngarepe. Kabeh hp apik lan Hani bingung arep milih sing endi. Raina ngewangi Hani nggolek hp sing dipengeni Hani lan ngusulake hp sing ogak disenengi Hani. Hani radha nesu karo Raina amarga ngusulake hp sing elek lan regane paling murah. Raina ora bermaksud ngrendahne Hani.
Pungkasane Hani milih hp sing padha karo wekane Raina. Hani ora ngerti yen hp sing dipilih kuwi larang lan langsung mbayar ning kasir. Raina ngenteni Hani ning njaba nanging dienteni suwi kok gak ndang metu. Pungkasane Raina marani Hani ning njero.
“Loh han, gak sido hp sing kaya nggonanku to?” Omonge Raina karo nguasi tingkahe Hani sing radha kaget.
“Iyo, lha arep piye maneh to Na. Dhuwitku tibakno kurang padahal aku yo pengen hp sing padha kaya nggonanmu.” Jawabe Hani karo wajah melas.
“Kurang pira ta Han? Aku gawa dhuwit kok.” Omonge Raina.
“Kurang 400ewu Han. Gak usah han gak penak aku mbek awakmu, aku tak milih hp liane ae sing luwih murah.” Jawabe Hani karo nggelengne sirah.
“Halah gak usah sungkan, wong yo arek dewe yo wes koncoan cedhak ngono.”

Pungkasane Hani muleh bareng Raina. Hani seneng amarga duwe hp anyar nanging radha isin karo Raina. Raina ora masalah duwite kalong lan bisa njaluk maneh marang wong tuane.
----
Mbesuke Hani budhal sekolah karo wajah sing sumringah. Hani pamer marang kancane yen hpne anyar. Kancane Hani bingung, kok bisa Hani duwe hp apik padahal Hani iku urip pas-pasan.
“Weiyeh, hpne Hani anyar. Nggonanku kalah canggih ek, mesti regane larang iki tapi iki koyoke padha karo nggone Raina ya?” omonge kancane Hani.
“Yo gak patek larang rumangsaku. Mosok to iki canggih? Ketoke biasa ae.” Omonge Hani lagake kaya wong sugih.
“Hani maleh sugih sak iki, traktir han.” Omonge kancane Hani lan disauri ngguyu karo Hani.
Hani ndelok Raina nggerombol karo kancane. Rumangsane Hani, Raina kuwi lagi ngrasani dheweke amarga tuku hp sing dhuwite kurang ndek  ingi. Hani langsung nesu karo Raina lan wedhi yen keruhan kancane amarga dheweke tuku hp karo dhuwite Raina. Padahal Raina kuwi lagi ngomongake tugas sing ora dingerteni.
Bel muleh wis muni, Raina langsung ngajak Hani mulih bareng. Hani dijak omong-omongan Raina ogak nyauri belas. Hani melengos lan omong karo kancane. Pungkasane Raina langsung muleh disek, biasane Hani iku mesti bareng muleh Raina numpak mobile.
Raina bingung karo sikape Hani, gak biasane Hani gak nggatekake Raina. Padahal yen dipikir-pikir Raina kuwi ogak duwe salah karo Hani.
----
Raina budhal radha awan saka biasane. Saka sekolahan, Raina bingung karo kancane sak kelas. Kabeh padha nguasi Raina lan bisik-bisik, ora eruh ngomongne apa.
“Han, ana apa to sakjane? Kok kabeh arek padha nguasi aku karo bisik-bisik?” omonge Raina karo wajah bingung.
“Owalah ya ya, rek kok kaya enek seng omong to ing pinggirku.” Jawabe Hani karo nguasi mburi lan ngguyu.
“Han, aku ngomong mbek awakmu. Kok maleh ngono to awakmu, biasane gak ngene lo.” Omonge Raina kaya arep nangis.
“Anak haram i menengo to. Aja omong mbek aku, lapo? Arep nanges? Ndang nanges kono!” Jawabe Hani kasar.
Raina langsung mlayu ning jeding karo wajah nangis. Raina kaget yen Hani bisa ngomong kasar kaya ngono. Padahal Hani kuwi wes dadi koncone ket cilik lan ngerti kabeh rahasiane keluargane.
Hani rada salah yen ngomong ngono ning Raina. Hani wedi yen dhuwit kurang tuku hp weruh kancane. Hani milih luwih dhisik mbocorne rahasiane Raina ketimbang mengko kedhisikan.
Kabeh bocah maleh gak seneng karo Raina. Raina maleh didohi karo bocah sak kelase. Nanging Raina tetap sabar lan nerimo amarga wis dicap elek karo kancane lan sahabate dewe lan ora bisa dibalekake jeneng apike.
Hani sak iki ya ngono, maleh kumpul karo bocah sing sugih-sugih lan terpengaruh karo gayane kancane sing elek. Hani maleh gawe bibir ning kelas ben dikiro dadi bocah sing tenar lan ogak ketinggalan jaman.
Raina ndelok perubahane Hani maleh nggumun, kok bisa Hani berubah cepet banget. Padahal mbiyen Hani kuwi bocah sing sederhana. Raina jek bingung mikir apa salahe kok bisa Hani kaya ngono.
Hani maleh sombong lan rumangsane dheweke kuwi wong sing paling sugih ing donya padahal ibune lan bapake susah golek duwit. Hani yo maleh gak gelem dikongkon karo wong tuane lan gak matuhi apa sing diomongne wong tuane.
“Han, pacakanmu kok ngono to? Mbok yo aja gawe bibir yen arep sekolah. Apa yo gak diseneni gurumu to ngono kuwi?” ature ibune Hani.
“Oalah buk, aja ngatur aku to. Sampean iki gak gelem nukokne barang sing tak pingin kok ngomong wae to? Wong yo iki aku tuku dewe gawe dhuwitku kok.” Jawabe Hani kasar ora kaya mbiyen.
Ibune Hani langsung meneng. Ora biasane Hani bisa ngomong kasar kaya ngono karo wong tuane.
----
Ing sekolahan, Hani diceluk karo guru BK amarga pacakane sing wis nglewati bates. Hani rada wedi yen nyangkut masalah BK, biasane sing diceluk BK iku bocah sing nakal-nakal. Lan Hani kuwi bocah sing anti karo bocah nakal. Hani gak sadar yen dheweke kuwi wis nakal banget.
“Hani, awakmu ngerti salahmu apa?” atur e guru BK.
“Mboten ngertos bu, salah kula napa to bu?” jawabe Hani karo ndredek.
“Awakmu iki mosok gak sadar yen pacakanmu kuwi salah? Sekolah kok gawe bibir, yen sekolah kuwi mbok yo sing wajar ngono pacakanmu kuwi.” Omonge guru BK nyeneni Hani.
“Lare liane nggih enten sing ndamel bibir lo bu, kok kula mawon sing ditimbali?” jawabe Hani.
“Bocah sing ndi to Han? Sunny bocah sak kelasmu kuwi to? Sunny kuwi pancen bibire abang Han, ogak gawe bibir kuwi.” Omonge guru BK.
Hani langsung mikir yen pancen Sunny kuwi ora gawe bibir. Hani ya salah karo perilakune.
“O iyo Han, awakmu jareke ngomongne Raina ya? Awakmu kan kancane cedhak to Han, mosok iyo tega mbocorne rahasia sing wis ditutupi rapet? Keluargane Raina kuwi wis mbantu awakmu lo amarga awakmu gelem dadi kanca cedhake Raina.” Atur e guru BK.
“Mbantu napa to bu?” jawabe Hani pingin weruh.
“Awakmu mosok gak sadar lak awakmu gak tau mbayar SPP? Keluargane Raina kuwi wis mbantu mbayari SPP mu ket kelas 1 kae lo.” Atur e guru BK.
Hani langsung ngrasa salah ning Raina lan nangis. Hani pamitan karo guru BK lan langsung mlayu ning kelas nggolek i Raina.
“Na, sepurane aku salah ning awakmu.” Omonge Hani ning Raina karo nangis lan diwasi bocah sak kelas.
“Halah, gak popo kok Han. Awakmu ya bisa nesu mbek aku tibak e, aku ya sepurane yen salah ning awakmu.” Jawabe Raina melu nangis.
Bocah sak kelas padha gumun karo Hani lan Raina, kok bisa nangis kaya ngono lan pengin eroh masalahe.
Mula saka kejadian kuwi, Hani ngomong ning bocah sak kelas yen dheweke salah yen ngomongne rahasiane Raina. Kabeh padha melu njaluk sepura ning Raina amarga ya salah ngomongne sing ora-ora.
Pungkasane suasane mbalik saka biasane. Hani sak iki wes gak sombong kaya kae lan gelem dikongkon karo wong tuane lan mesti bareng neng endi-endi karo Raina. Hani yo ngaku yen hpne kuwi yo saka dhuwite Raina, kabeh bocah gak masalah karo kuwi.

~~~

Tidak ada komentar:

Posting Komentar